ASAL USUL WONG JOWO IV

by Sriwardoyo anggitolukit on 12:09 PM, 08-May-13

Category: Dokumenter

IV. Jaman JAWA-DWIPA
(JAWA-Pegon lan JAWA-Purwa)
Ing taun Masehi: 110, bumi Jawa-Pegon
kuwi dihoregake Lindhu prakempa
marambah-rambah asale saka Gunung
Kamput; gunung kang ngongkang
Segara-supitan Kamput padha horeg
ngengkrog-engkrog sora banget, bregad-
gedhe pada rungkat rubuh pating slayah;
perenge gunung-gunung pada longsor
nglongsori Segara-supitan Kamput. Liya
dina kawuwuhan Gunung Kamput njeblug
ngetokake blegedaba bulah-bulah
mawalikan mblabar ning Segara-supitan;
udan awu sumebar tutug ngendi-endi.
Wong-wong Sitijenar nyawang langit
peteng kaya kesaput mendhung
ngendhanu ngono kuwi padha miris
banget, ora ana wani metu saka ngomah
sabab bledug-awu ngampak-ampak
mlepegi napas, godhong gedhang padha
sengkleh kabotan awu nemplek nglapis
lumahe.
Bareng wis klakon setaun kaanan sing
mengkono mau wis sirep tidhem,
Segara-supitan Kamput katon malih dadi
ciyut kali sapralimane, ganti wujud dadi
bengawan ambane bisa disabrangi
nganggo gethek-gedebog; wong-wong
menehi aran: Kali Brantas (Nalika Taun
Masehi: 111).
Wong-wong Nusa pegon sangsaya
wuwuh adrenge nggone nedya
manunggalake negarane karo negara
Jawa-Purwa, mula nuli padha usul ning
Dhatu Hang Tsu Hwan. Saka
kawicaksanane Sang Dhatu pamonthane
wong-wong kuwi enggal dileksanani,
kanthi disekseni wong-wong saka negara
liya, Gembleng cawuh manunggale
negara Jawa-Pegon karo Jawa Purwa (P
= (aksara Jawa) = loro) dijenengake:
Nusa Jawa-Dwipa. Nalika taun Masehi
115.
In taun Masehi: 385, wong-wong banjar
Terahan sing cacah jiwane wis padhet,
padha lunga misah bebadra cakalbakal
ning bumi Argasoka, yakuwi perenge
Gunung Ngargapura sing sisih kulon;
papane ngongkang Segara-teluk, sing
sisih lor kadhangan Punthuk Ngendhen,
Kecamatan Lasem. Segara-teluk kuwi
mbanjeng mengetan nuli mbelok
mengidul urut perenge Pegunungan
Argasoka, ning pepereng pegunungan
kono kuwi akeh wite Pucang lan Resula
blukange warnane kuning-gadhing tuwuh
nggenggeng ledhung-ledhung. Saka
bumi bubakan kono yen nyawang
mengulon katon Pulo Maura dikilung
segara, pulo kuwi wujud gunung-gedhe
masung pucake mawa kawah-geni
ngetokake kukus kumebul nglandeng
ning langit; ing sisih kidule katon
benggang karo pegunungan Sukalila-
Prawata keledan Segara supitan Maura.
Wong-wong bebadra kuwi dipangarsani
kanoman umur 35 taun asmane Hang
Sam Badra, sawijining Klana kang adoh
tebane ning Sabrang lan Negara kana-
kana. Mula kuwi dening wong-wong
bebadra mau mbanjur ngangkat dheweke
diwisudha dadi Dhatu ning kono; bumi
cakalbakal kuwi katelah aran
Pucangsula (Saiki tilase dadi desa
Logadhing-Sriamba, Kecamatan Lasem).
Sawise desa kono madeg 15 taun malih
dadi Banjar-gedhe sebab akeh wong
neneka saka negara Sabrang melu
bebadra ning kono; wong-wong manca
mau sawise kumpul srawung karo wong
Pucangsula, temahan padha malih ganti
seneng ngrungkepi Kapercayan-Suci
Hwuning lan Budibudaya Jawa,
wekasane mbanjur luluh dadi wong
Jawa-Dwipa.
Wiwit bebadra dadi Wong Jawa ning
Tanjungputri ing taun Jawa-Hwuning: 1
nganti bebranahan mencar sumebar
sepegunungan Kendheng Ngargapura
suwene wis 617 taun, durung ana wong
Wegig gong Wicaksana mulangake
medhar Larasing Kapercayan-suci
Hwuning. Wong-wong nggone
ngrungkepi ngedhep/ manembah Hyang
Tata Maha Das kuwi yaa mung atut-
grubyug kaprah lumrahe wong akeh
padha krukunan nindakake Tatacara
susilatama lan setya ning Negara. Lagi
jaman madege banjar Pucangsula kuwi
Kapercayan-suci Hwuning bisa
dingerteni/diwikani dilelaras
dening para Wegig, para Pandhita; saka
leladi pangastutine Panembahan Guru
Dhatu hang Sam Badra kang merlokake
nyambi mulang para Kasepuhan Kanung
(=sengkaning gunung); ing taun Masehi:
387, manggon ning Pasraman punthuk
Punggur Gunung Tapa’an (Desa
Warugunung, Kecamatan Pancur,
Kabupaten Rembang).
Ing taun Masehi: 390, Dhatu Hang Sam
Bandra nggawe plabuhan lan galangan-
prau (=dhak-palwa) ning Sunglon Bugel
utowo Gunung Bugel (Tilase saiki dadi
pategalan lan kali aran Palwadhak;
sakidule desa Tulis, Kecamatan Lasem).
Prau-prau kuwi kanggo sesambungan
Pemrentahan Pucangsula karo Banjar-
banjar wilayahe saurute pesisir Jawa
(Pantura), wiwit banjar-Losari teluk-
Tanjung (Kabupaten Brebes), mengetan
tutug banjar-Rabwan (Kabupaten
Batang) lan Banjar-Tugu (Kabupaten
Semarang), nuli banjar Purwata lan
banjar-Tanjungmaja (Kabupaten Kudus),
gisike pulo Maura sisih wetan yakuwi
banjar-Tayu lan banjar-Blengon
(Kecamatan Kelet, Kabupaten Jepara).
Plabuan Pucangsula dumunung saelore
galangan prau digawekake Gapura
madhep mengulon ngadhepake Segara-
teluk Kendheng (Saiki dadi desa Gepura)
saka gapura kono digawekake ratan
ndladag urut urut perenge Pegunungan
Argasoka tutug punjere kutha
Pucangsula.
Pangwasane Dhatu Hang Sam Badra
dibantu Putra-putrine isih kenya yoswa
22 taun, rupane ayu banget pindha
Widadari Wilutama; asmane Dewi Sie
Bah Ha (=Sibah); sang Dewi ngasta
pangwasa Angkatan Laut Segara Jawa-
Dwipa kanthi kekuwatan Kapal-perang
sing prajurite dumadi saka wong-wong
kang kenthug kuwat lan pinter ulah
kridhane perang, kanthi sikeb gegaman
kang ampuh mawa racun-aneh; negara
liya ora ana sing duwe lan ara ana sing
bisa nggawe. Sang Dewi melu nylirani
lelayaran ning samodra kanthi nitih
Kapal-gedhe kang mligi dinayakani
prajurit Wanita sing wanter lan kendel,
uga sikeb gegaman kang mawa racun
wujud Tulup-paser sing bisa nylorod
adoh; sarta patrem-Tubrem yen
disawatake musuh lamun mlesed,
patrem mau bisa munyer bali maneh
niba sacedhake sing nyawatake (Kaya
bumerang). Wondene juru-mudhine sarta
tukang welahe Kapal-kaputren mau
wong lanang kang kuwat lan bandhol,
nanging dipilih wong sing Peloh lan wis
ilang prasa-Asmarane. Mula negara
manca mau padha wedi lan sungkan
ning Dewe Sibah lan negara Pucangsula.
Sang Dewi nggone ngwasani segara
Jawa-Dwipa kanthi nggunakake kapal-
perang kuwi perlu nganggo nglabrag
nyirnakake Bajag-bajag kang
gumendhung lan kumendel sing mung
nggunakake prau-prau knothing sarta
gaman pedhang lan clengkreng, dumeh
praune bisa cukat rikat kanggo ngoyak
prau-prau dagang memangsane utawa
ndarat mrawasa Desa.
Bajag-bajag sing nggawe werid rengkede
Segara-supitan Medunten kuwi
wekasane sirna sa-Benggol-benggole lan
sasudhunge. Wasana pesisir Segara
Jawa-Pegon sisih wetan mau dadi
tidhem lerem, banjar-banjar bisa bali
madeg kanthi tata-tentrem sarta bisa
sesambungan karo Pemrentahan
Pucangsula.
Putri Sibah saliyane nyirnakake Bajag-
bajag, merlokake narik Upeti ning kapal-
kapal dagang kang liwat segara Jawa;
isine kapal sing rupa beras lan pari sarta
sembet-tenun cita-sutra uga gaman-
pertukangan, ditarik upeti sapra-limane;
sing gemang mbayar mesthi dilabrag
ditelukake kapale dibeskup. Nakodha
kapal sing rupane bagus utawa
penumpang sing bagus mesthi ditawan
dilebokake kamar-kamar Kaputren.
Kawegigan lan Kaprawirane wong-wong
bagus mau didadar dening Sang Dewi;
yen bisa lulus pendadarane sarta bisa
ngalahake kasektene Dewi Sibah rila
dadi jatukramane. Sabalike yen kawitan
didadar Kawegigan wis ora lulus, wong
tawanan kuwi nuli diwetokake saka
kamar pendadaran dipasrahake Nayaka-
wanita kapal Kaputren; mangsa borong
digawe apa kono. Ora nganti sesasi neng
kamar-tawanan pangwasane Nayaka
wanita mau, awake wong-bagus
tawanan kuwi malih rusak ora kuwat
ngglawat; wekasane nuli dijegurake
samodra dadi mangsane iwak Undhuk-
undhuk-gedhe kang rakus banget.
Misuwure jare digawe sajen Ratune Jim
Dhuyung-jaran, sing nguwasani Samodra
Jawa-Purwa. Mula kuwi kapal dagang
sing liwat segara Jawa gamang
nggunakake Nakodha sing bagus rupane;
dene wong bagus penumpang sing wani
nekad mati-mati yen wis ngerti rasane
ngalami nyatane, yaa sumangga mangsa
borong!!! Asmane Dewi Sibah nganti
kaloka ning negara Sabrang kana-kana,
sang Dewi nganti diparabi: Mani Dattsu
Asva Dev, tegese Mustjikane Dewi-bajag
Dhuyung-jaran.
Wong-wong tanah Jawa wiwit jaman
Kuna-makuna mula sing mung kulina
mangan sega-jagung, sega-canthel, lan
rupa-rupa palapendhem, sawise ngenal
Pari lan mangan Sega-beras olehe narik
upeti saka wong dagang negara Siyem
lan Cempa lembah Bengawan Mekong,
sang Dewi Sibah nuli mrentahake lan
nyontoni wong-wong wadon Pucangsula
diajak wiwit nandur pari lan adang sega-
beras (wiwit taun Masehi 396), wiwi
jaman kuwi wong-wong Jawa padha
nganggep Dewi Sibah kuwi titise
Widadari-pangan utawa Dewine Pari, iya
Mbok Dewi Sri (Wong Sunda ngarani:
Sang Hyang Seri). Uga ing sajrone taun
396 kuwi, ing sawijining dina kapale
Dattsu Dewi Sibah dhog mangkal ning
gisike Nusa Jawa-Dwipa bontos kulon
wates gisike Negara liya bontos wetan,
dumadakan ana wong bagus isih enom
menganggo ciri Rsi marani kapale sang
Dewi; wong kuwi nuli ditakoni Nayaka
kapal Kaputren:
“Ana wigati apa? Asmane sapa? Saka
ngendi pinangkane?”
Jawabe Rsi bagus:
“Perlu arep nunut ning Nusa Jawa-
Dwipa, nedya mulang nyebar Agama
Hindhu Shiwa. Asma: Rsi Agastya
Kumbayani. Asal saka negara Menak,
krajan Idriya-Satwamayu.”
Sang Rsi ditampa diwenehi panggonan
ning senthong-tamu Kapal Kaputren;
sawise kapal-kapale Dattsu Dewi Sibah
mancal bali ning Nusa Jawa, Rsi
Agastya nuli didadar Kawegigan
sakehing ilmu dening Sang Dewi;
sajroning telung dina bisa lulus. Nuli
ganti didadar Kasektene lan Kaprawirane
perang, jebule Sri Dattsu sing mandar
kasoran nganti lemes daya kakuwatane;
saking ngrasa wirang Dewi Sibah
munthab bramantya mawinga-winga,
nuli ngunus Curiga-racun kang bisa
nggawe pati kanggo mungkasi
pendadaran.
Sapandurat Dattsu-ayu nyawang
praupan baguse sang Rsi netrane sing
mulem-tajem, polatane tetep sumeh
jatmika ora nggragap ora miris nyawang
landhepe curiga; uga ora males
bramantya sumringah ngangah-angah,
mandar sorote netrane kang aliyep-
asmara nrawung nembus jantunge Sang
dewi; ndadekake panone Sang Dewi
sumrepet peteng kantaka, raga lemes
niba ning jrambah palagan; curiga
gogrog uwal saka astane. Sang Rsi
trengginas nyaut Sang dewi dibopong
disarekake ning tilamrum; bareng Sri
Dattsu punggun-punggun wungu
marlupa, Sang Rsi nglelipur ngrerapu
sarta nyepat-domba nagih janji
sayembarane, nanging dileksanani yen
wis tutug dalem kedhaton Pucangsula
disekseni Rama-Ibu sarta para kadang
kadeyan kawula-dasih.
Para Kenya Nayaka kapal kaputren
padha rerasan ngungun banget, adat
saben lagi telung dina wae wong Bagus-
tawanan wis mesthi diwetokake
dipasrahake ning Nayaka Putri; nanging
wektu kuwi nganti pitung-dina pitung-
bengi tawanan Rsi Bagus kuwi kok ora
diwetok-wetokake; weruh-weruh jebul
kapale wis padha labuh ning
Pucangsula, Sang Dewi Dattsu wis
runtung-runtung sekalihan karo Rsi
Agastya tumuju ning Kedhaton dipethuk
Rama Ibune. Dhatu Hang Sambadra
sakulawargane padha mengayu-bagya
karenan ing galih, dene Sang Putri wis
entuk calok jatukrama isih enom bagus
rupane tur sembada sakabehane.
Pahargyan palakraman let telung dina
nuli dikepyakake. Sang Rsi cumondhok
kumpul Maratuwa nganti rong taun,
mandar Dewi Sibah lagi karo-tengah
pendhak wis ngemban mutra kakung,
diparingi asma: Arya Asvendra. Rsi
Agastya nggone arep mulangake Agama
Hindhu Shiwa Maha-Dewa nedya
diterusake dhasar Maratuwane maringi
panggonan ning bumi Rabwan tutug
Batur. Nanging sawise klebon ilmu
Kapramanan Jawa-Hwuning saka
Maratuwa lan saka Garwane, pikire arep
mulangake Agama Hidhu Shiwa Maha-
Dewa malih luntur; nedya diganti
mulangake Agama Hindhu Shiwa Guru-
Dewa, mikani Dhiri-pribadi lan jantraning
dumadi; sarta pangastuti bekti ning
Sembok-Semak.
In taun: 412 Masehi ana Klana Sramana
Agama Buddha asama: Pha Hie Yen
lelayar saka Nalandha India, nedya bali
mulih ning Tsang-An (Tiongkok);
dumadakan lagi tutug Samodra Jawa-
Dwipa ana angin topan gedhe, praune
nuli mangkal ning plabuhan Pucangsula
nyuwun tulung lereb ning kono sasuwene
angin prahara durung sirep; Sramana
Hwesio Pha Hie Yen ditampa disesuba
dening Dhatu Hang Sambadra, saben
dina diajak wawan-sabda bab rupa-rupa
pengalamane Sang Hwesio nggone
lelana ning manca-negara. Hwesio Pha
Hie yen nyritakake Piwulange Sang Guru
Agung Sidharta Buddha Gotama, yakuwi:
Sranane bisa manjing Nirwana supaya
medhot blenggune kadonyan; kanthi liwat
laku kang aran: Astha Arya Marga,
tegese Laku Agung Wolu. Piwulang kuwi
mirib Kapercayan-suci Jawa-Hwuning
kang dirungkepi dening Pendhita-
pendhita siswane Dhatu Hang Sambadra
wong saka sengkaning-gunung, yakuwi:
Sranane bisa nggayuh Katentreman
supaya medhot Pangangsa-Pepenginan;
kanthi liwat laku kang aran: Endriya pra
Astha, tegese Tumemen ning Budipakarti
Wolu. Mula Dhatu Hang Sambadra karo
rayine Pandhita Jana-Bandra sayuk
banget nggathukake intisarine piwulange
Sang Buddha kuwi cawuh-luluh karo
larase Kapramanan Jawa-Hwuning.
Ing taun Masehi: 415, Dhatu Hang
Sambadra seleh kedhaton, pemrentahan
Pucangsula dipasrahake Dewi Sibah
diwisudha ditetepake dadi Dattsu-agung
(=Prabu-putri). Rsi Agastya dadi Kepala
banjar Rabwan lan banjar Batur tutug
Pegunungan Dieng, kebawah negara
Pucangsula, uga adhike Dewi Sibah
asma: Dewi Sie Mah Ha (=Simah), kang
dadi Adipati-anom Medhangkamulaan
teluk Lusi (kabupaten Blora) diwisudha
diangkat dadi Dattsu, dipindah ning
banjae-gedhe Blengoh didadekake
Keraton keling (Arane woh-bogor wadon
sing wis tuwa-alot, yen isih enom diarani
Siwalan). Saiki tilase dadi ara-ara
Keratonan desa Blengoh, Kecamatan
Keled, Kabupaten Jepara. Pangwasane
Dattsu Simah diwarangkani kakunge
aasma: hang Saburadhampuawang
Segara Teluk Kendheng lan samodra
Jawa. Sarta diemong diayomi Rama-
paman Bhikku Buddha Kanung
Janabadra ing Pasraman Tunahan.
Nalika Dewi Sibah wis jumeneng dadi
Dattsu Pucangsula, sang Dewi yasa
Udhang-undhang tata Budibudaya Jawa
Hwuning ditetepake dadi Pranatane
negara Pucangsula; saben sesasi
sepisan diwulangke ning para Pandhita
sengkaning-gunung Kendheng
Ngargapura, manggon ning Kedhaton
Pucangsula.
Undhang-undhang kuwi dijenengake:
Endrya pra Astha, ngrungkepi piwulange
Ramane nggone nggawe jeneng Ilmu
kuwi (Undhang-undhang ditetepake ing
taun Masehi: 416). Para Pandhita para
Kasepuhan nerusake mulangake Ilmu-
pranatan mau ning para Siswane,
sumrambah wong-wong kang maju-
pikirane ning desa sengkaning-gunung.
Ing pemburi taun-taun sabanjure wong-
wong kang padha ngrungkebi nyeceb
Ilmu Endriya pra Astha kuwi kasebut
aran Wong Kanung. Isine Undhang-
undhang pranatan kuwi ana 8 (wolung)
bab:
Unen-unen Pranatan yakuwi :
Tunemen nyambut gawe
ngudi rejeki kanggo
murakabi Brayate, lan ora
srei drengki kemeren ning
liyan.
Nyembah mundhi-bekti
ning wong tuwane-sakloron;
sambat nyebut: Adhuh
Sembooooook, Gusti kula!
(=Sembok kuwi wong sing
bagus atine sa-ndonya),
Adhuh Semaaaaaak,
Pangeran kula! (=Semak/
Bapak kuwi pangengerane
wong sagotrah anak-
bojone).
Ngleluri mundhi Pundhen
Nyai-Dhanhyang Kaki-
Dhanhyang sing cakalbakal
desane. Sarta emoh
nganggu Manuk-manuk
sing padha manggon ning
bregat Pundhen, utawa ning
bregat-bregat liyane kana-
kana.
Sayuk rukun karo tangga-
teparo lan sadulure,
bebarengan gotong-royong
ing wulan Purnama
Badrapada; bresih desa,
ratan, sendhang, karas
pekarangan; sarta memetri
nguri Bregat (=September).
Mangastuti rembugan
nggathukake pinemu,
kanggo pituduh mbangun
majune Desane, lan njaga
kaamanane.
Nguri-uri ngluhurake
Budipakarti Seni-Budaya
Jawa.
Mikani ning Bumi dununge
kabeh Titah kasinungan
Sang Urip kang Maha Esa,
mikani ning Langit
dununge/ manunggale Urip
Agung Sang Nyawa kang
Maha Das. Wong mati
ragane dadi Mayit lebur ing
Bumi, Jiwane dadi Yitma
nunggal ning Langit.
Setya pranatane Negara lan
Sabda wasitane Sesepuh
Agung Manggala Praja.
Eyang Dhatu Hang Sambadra sawise
misudha Putra-putrine nuli nilar praja
dadi Sramana dhedhepok ning punggur
Gunung Tapa’an, lan mulangake Ilmu
Tatapranatan Endrya pra Astha ning para
Siswa Wong-wong Kanung. Pasraman
Gunung Tapa’an kono digawekake
Tamansari tinanduran kembang-
kembang maneka-warna: Mlathi, Kanthil,
Gadhing, Kenanga, Mawar, Pacar-kuku,
Kemuning, Gambir. Neng kono akeh
Bregat ngrembuyung edhum, padha
dienggoni nusuh manuk-manuk rupa-
rupa; pakange bregat kethukulan:
Aggrek, simbar lan kece pating grembel.
Tarulata padha mrambat pepuletan
pating klewer, kembange selang-seling
putih biru, jambon lan wungu. Taman-
sari kuwi dijenengake: Taman Argasoka;
para cantrik, cekel, manguyu padha surti
gambyak ngrawati Taman-sari kuwi.
Eyang Panembahan Hang Sambadra
dadi Sramana ning Gunung Tapa’an
kono tutug sepuh, seda ing taun Masehi:
425. Awu layone dipetak (dikubur) dadi
sakluwat karo Reliqe Eyang Dhanhyang
Kie Seng Dhang ning satengahe punggur
Pudhen Tapa’an; ditengeri Watu-alam
tilas pamujane Nini Ampu, watu kuwi
nongol sa-ndhuwure gumuk Pundhen.
Sawise Eyang Panembahan seda, negara
Pucangsula akeh owah-owahan wiwit
ing taun Masehi: 426.
1. Dattsu-Agung Dewi Sibah ngangkat
putra Arya Asvendra dadi Dhatu-anom
Pucangsula, manggon ning bumi Gebang
sunglon Bugel. Arya Asvendra
ngrungkepi Agama Hindu Kanung Shiwa
Guru Dewa wulangane Ramane, ning
punthuk Gebang dheweke nggawe:
Pamujan, Lingga-Yoni
nglambangke bakti-tresnane
ning Sembok-Semake (Ibu-
Ramane).
Pamujan Lembu-Nandhi
ndepok, nglambangake
Tatakan kekuwatane
Kawula-rakyate.
Pamujan reca Dewa Shiwa
Guru Dewa, nglambangake
Ramane: Rsi Agastya kuwi
Guru-Agung Ilmu Kaprajan
lan Kasekten-mandraguna.
Pamujan reca Ganapati
Dewane Kawicaksanan
putrane Bathara Guru,
nglambangake: Slirane
dhewe kuwi putrane Guru
Rsi Agastya.
2. Angkatan Laut Pucangsula dipindhah
ning negara Keling dikwasakake Dewi
Simah, dibantu garwa hang Sabura;
nanging isih kebawah negara
Pucangsula.
3. Rsi Agastya diwisudha diunggahake
dadi Dhatu Batur, punjere banjar
didadekake kutha aran: Batur-retna.
Banjar Rabwan dadi Plabuhane negara
Baturetna.Let sawetara taun wong-wong
Endrya-Satvamayu krungu warta yen Rsi
Agastya jumeneng Dhatu ning negara
Baturretna, wong-wong mau banjur akeh
kang padha nusul pindhah bebadra ning
bumi Dieng kang subur digawe ulah
petanen. Wong-wong kang ora dadi tani,
diprentahake nyambut gawe ngumpulake
wlirang saka peperenge kawah Dieng;
wlirange kanggo pedagangan negara
Baturretna diganjolake barang-barang
petukangan lan kain sutra karo
Pedagang saka negara China, liwat
plabuhan banjar Rabwan. Negara
Baturretna bareng dadi gedhe lan
makmur, Dhatu Rsi Agastya nuli
mrentahake tukang-tukang ahli pahat
batu wong-wong saka Endrya-
Satvamayu, diutus nggawe Candhi
sepirang-pirang; saben candhi mawa
reca Shiwa Bathara Guru; dununge
candhi ning bumi punggur Gunung
Dieng. Saben candhi kanggo Pamujane
Sramana Shiwa Guru saka Pasraman
kana-kana wilayahe negara Baturretna.
Kaendahan lan kaelokane Pasraman
Dieng kang akeh banget candhine Shiwa
Guru Dewa, kang kinilung tlaga lan
gunung-gunung sesawangane
ngresepake ati. Para Sramana menehi
jeneng: Pasraman-agung Endrya pra-
Astha.
4. Dattsu-agung Dewi Sibah nayogyani
ning kaipe Hang Sabura nedya ngedhuk
wlirang ning bumi leluwah sawetane
Gunung Dieng, sarta nggawe desa ning
saelore Kejajar kanggo panggonane
wong-wong kang padha nyambut gawe
ngedhuk wlirang mau. Wlirang kuwi uga
diganjolake karo Pedagang saka negara
China.
Pengangkutane wlirang digawekake
dalan liwat: Jlumprit, Adireja, Candhirata,
Sukareja, mengetan ning Singaraja nuli
nganti diemot prau liwat bengawan
Bodri. Sungabane bengawan-Bodri ning
teluk Bodri segara Jawa digawe
plabuhan dagang kang sesambungan
dagang karo negara Sabrang kana-kana;
papane Teluk Bodri kuwi diapit-apit
Punthuk-punthuk gunung Singaraja,
kaanane luwih sembada omber banget
nyenengake tinimbang plabuhan banjar
Rabwan. Mula pedagang wlirang kliwat
plabuhan Bodri kuwi malih luwih reja lan
maju.
Saka anane sesambungan dagang
wlirang karo negara-negara China,
negara loro: Keling lan Baturretna kuwi
malih dadi sugih lan makmur. Nanging
mbanjur nukulake kamurkan, sii lan
sijine rebut nguwasani: “Kriwikan dadi
Grojogan”. Wekasane dadi perang
bandawala. Ing taun Masehi: 436.
Sarehne Kawula-rakyat sing dijak
bebadra biyen nganti dadi negara Keling
lan Baturretna kuwi, asal-usule sedulur
wong Kanung Indriya pra Astha
Pucangsula, mula peperangan kuwi
katelah aran: Perang sedulur Endriya pra
Astha.
Ing sajrone perang brubuh Rsi Agastya
gugur ning palagan, wong-wong
Baturretna saprajurite padha giris buyar
mlayu mulih asal-negarane ning Endriya
Satvamayu. Kutha Baturretna lan
Pasraman Candhi Dieng sarta
penambangan wlirang dijegi prajurit
Keling kang padha makuwon ning
Adireja, pangwasane Dhatu Rsi Agastya
dadi cures ganti dikwasani Hang Sabura
panglima Angkatan laut keling. Arya
Asvendra krungu yen ramane gugur
sarta negarane dikwasani paman-Hang
Sabura, sakala pikire kobar nedya
ngrebut negarane swargi-Ramane kang
dadi hak-warisane.
Sedyane Arya Asvendra wis dipenggak
Ibu Dattsu Pandhita Dewi Sibah, nanging
meksa nglimpe Ibune; dheweke
mbudalake prajurit Sandi liwat alas
Rabwan lan Bawang nusup mengidul
nedya ngrebut Pasraman-agung Dieng
dhisik, lan panggonan-panggonan
wlirang. Tiba apese Arya Asvendra, lagi
bisa nrobos beteng-pungkuran Candhi
dheweke wis kena tulup-paser mawa
racun saka Prajurit-seluman Keling kang
padha njaga Candhi. Wasana Arya
Asvendra gugur ngrungkepi sangarepe
Candhi Sumbadra pamujane Sramana
saka Pucangsula, prajurite Arya
Asvendra kang perang ning alas-gedhe
Rabwan akeh kang padha gugur; mayite
pating glethak saenggon-enggon ning
alas kono ora ana sing ngrawat, yitmane
klambrangan dadi memedi Setan-Roban.
Sebab saka anane perang sedulur kuwi,
Dattsu–agung Dewi Sibah ngrasa angles
ing panggalih; ewuh aya ing pambudi.
Arep ngrewangi negara Baturretna
ateges nataki garwa Rsi Agastya. Arep
ngrewangi negara Keling ateges nataki
sedulur-adhik Dattsu Dewi Simah. Mula
puntoning panggalih mbanjur nilar praja
lumengser mertapa ning Pasraman
Taman Argasoka Gunung Tapa’an,
pemrentahan Pucangsula dipasrahake
Pepatih; kang didhawuhi ora kena
nyampuri urusane Perang-sedulur. Dewi
Sibah seda ing nalika taun Masehi: 445,
awu-layon dikubur ning Pundhen
Gunung Tapa’an.
SIGEG

Share on Facebook Share on Twitter

Comments

1 responses to "ASAL USUL WONG JOWO IV"

rafie [05:51 AM, 09-May-13]

Hadir diatas Trik matahari yg sangat panas ini sob ..
Manpir balik yah ..

Subscribe to comment feed: [RSS] [Atom]

New Comment

[Sign In]
Name:

Comment:
(You can use BBCode)